Teks pidato 6 resep mencari ilmu ala santri MQ

Teks pidato bahsa jawa 6 cara mencari ilmu biar cepet sukses
السَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهْ
أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ بِسْمِ اللهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ  اَلْحَمْدُ اللهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ  وَبِهِ نَسْتَعِيْنُ عَلَى أُمُورِ الدُّنْيَا وَالدِّيْن. وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى سَيِّدِ الْمُرْسَلِيْن سَيِّدِنَا وَمَوْلَانَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اٰلِهِ وَاَصْحَبِهِ اَجْمَعِيْنَ. اَمَّا بَعْدُ.

Al mukarramun romo kyai Muhammad kholil soho ibu nyai alfiyah al hafidzah minongko pengasuh pondok pesantren manba’ul qur’an ingkang kito tenggo-tenggo ridlo ilmunipon.

Dumateng poro pengurus santri putra pondok pesantren manba’ul qur’an ingkang kawulo mulya aken.

Lan dumateng sedoyo santri putra ingkang kawulo mulyaaken ugi.

Sumonggo kita nyaosaken puji syukur wonten ngarso ndalem allah SWT
بِقَوْلِنَا : الْحَمْدُ للهِ وَالشُّكْرُ عَلَى نِعَامِ اللهِ.
Ingkang sampon paring pinten-pinten nikmat , taufiq, soho hidayah ipun sahinggo kito saget makempal wonten majlis meniko.

Sholawat saha salam katur dumateng  junjungan kito nabi agong Muhammad SAW
بِقَوْلِنَا : اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدْ وَعَلَى اٰلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدْ.
Kanti shalawat kala wau mugi-mugiyo kita pikantuk syafa’atipun
فِي يَوْمِ الْقِيَمة امين اللهم امين
Rencang-rencang ingkang kawulo mulya aken
Wonten wekdal meniko kito wonten masa-masanipun ngambah pados ilmu. Ilmu puniko saged nambahi kebagusan ing ahline, ilmu puniko saged nambahi rizqi ing ahline, ilmu puniko saged bagusaken akhlaq ing ahline, ilmu puniko saged nambahi kemulyaan ing ahline.  wonten ing al qur’an surat al-Mujadalah diterangaken :
يَرْفَعِ اللهُ الَّذِينَ ءَامَنُوا مِنكُمْ وَالَّذِينَ أُوتُوا الْعِلْمَ دَرَجَاتٍ
Artosipon : “Allah bakal ngangkat tiyang-tiyang ingkang iman sangking siro kabeh lan tiyang-tiyang ingkang gadah ilmu ing piro-piro derajat”
Lah nek sampon ngertos ngeten niki sinten ingkang takseh mboten remen, mboten demen, mboten seneng pados ilmu?  mesti se. . . . . .neng. . . alhamdu..lillah.
Ilmu puniko celengan ingkang paling pas, paling tepat, paling apik kanggo celengan wonten ten dunyo ngantos akhirat. Sebab kanjeng nabi Muhammad SAW mpon dawoh:
مَنْ أَرَا دَالدُّنْيَا فَعَلَيْهِ بِا لْعِلْمِ، وَمَنْ أَرَادَالْآخِرَةَ فَعَلَيْهِ بِالْعِلْمِ، وَمَنْ أَرَادَهُمَا فَعَلَيْهِ بِالْعِلْمِ
Artosipon: “ seng sopo wonge pengen kepenak neng dunyo mongko nganggo ilmu lan seng sopo wonge pengen kepenak neng akhirat mongko nganggo ilmu lan seng sopo wonge pengeng kepenak neng dunyo lan akhirate monko nganggo ilmu. (HR. Turmudzi)
Menawi ilmu niku diibarataken daharan utawi badokan, mongko naliko damel daharan utawi badokan yen pengen hasilipon saeh, mesti daharan kolo wau anggadahi resep tata . . .cara. Ugi ilmu geh ngoten wonten resep ipon, wonten caranipon monggo sareng-sareng
اَلاَّ لاَ تَناَلُ اْلعِلْمَ إِلاَّ بِسِتَّةٍ                       سَأُنْبِيْكَ عَنْ مَجْمُوْعِهَا بِبَيَانٍ
ذَكاَءٍ وَحِرْصٍ وَاصْطِباَرٍ وَبُلْغَةٍ                   وَإِرْشَادِ أُسْتَاذٍ وَطُوْلِ زَمَانٍ
Ilingo dak ngaselke ilmu nganging 6 perkoro Sepindah landep akale (pinter), telaten, sabar, sangu, pituduh sangking guru, suwe mangsane.
Dzakaa-un (laandep akale)
Landep akale, Pinter, cerdas ulama bagi dados kaleh inggih puniko: ingkang pertama, muhibatun minallah (kecerdasan ingkang diparingaken Allah). Contoh, tiyang ingkang gadahi hafalan ingkang kuat maksutipon cepet apalane nyandak pikirane. Ingkang nomer kaleh inggih puniko cerdas ingkang angsalipun kanti usaha (muktasab) misalipon kanti cara nyatet pelajaran, muthola’ah pelajaran, nikror pelajaran, musyawarah lan sanes-sanesipon.
Hirsun (telaten).
 Ngucali ilmu kudu ulet lan tekun naliko ngadep marang babakan ilmu, senajan kadang-kadang rasanipon abot lan males sanget. Senajan hasile ilmu tekseh kidek tapi tetep telaten lan ulet ingsya allah bakal sae. Sebab pepatah arab ngamong:
مَنْ جَدَّ وَجَدَ
 "Seng sopo temenanan mesti bakal kasil".
Sabar.
Saben tiyang luru ilmu mestinipon gadah ujian gadah godaan, lah wekdal nikulah tiyang luru ilmu kudu sabar. Sabar niku tahan ingdalem nagdepi cobaan, mboten gampang duko(ngamok), mboten gampang putus asa, lan mboten gampang loro ati. Naliko luru ilmu butuhaken al himmatul ‘aliyah inggih puniko semangat utawi cita-cita ingkang duwor.
Bocah lanang zaman saiki
Pinter-pinter orak gelem ngaji
Seneng jagong awan wengi
Yen dolanan nomer siji
Bulghotin (Sangu).
Sangu kang dimaksud wonten babakan ngudi ilmu niku boten dihura-hurano, boten damel jajan sak puasipon, mboten damel nguras tiang sepah kalehipon. Sangu wonten luru ilmu niku damel bekal kanggeh ngeleng kapi alat-alat sinau ben saged konsentrasi penuh luru ilmu. Contohipon para imam, Imam Malik nyade salah setunggalipon kayu penopang payon omah kangge luru ilmu.
Isyadi Ustadzin (Pituduh sangking guru).
Ilmu niku dipendet sangking lisanipon poro ulama’. Tiyang ingkang luru ilmu supoyo kokoh dasaripon lan bener dasaripon, mongko naliko luru ilmu wonten gurune, inggipuniko poro alim ulama’. Sahinggo ilmu nipon jelas dasar-dasare bener kaidah-kaidahe, supoyo sesuai kaleh alqur’an lan hadist. Lafadz lan maknane sesuai kalian ketetepan Allah lan Kanjeng nabi Muhammad SAW. Sebab nopo?  Belajar tanpo guru mongko syetan gurunipon. Wonten hadist.
مَنْ لَا شَيْخَ لَه فَشَيْخُهُ الشَّيْطَان
“Seng sopo wong ora duwe guru, mongko gurune iku syetan.”
Suwe mangsane
Tiyang luru ilmu ampon nyongko yen luru ilmu niku cekap mong sedino, rong dino, seminggu, rong minggu, setahun, rong tahun. Sebab nopo kanjeng nabi mpon dawoh woten hadist.
اُطْلُبُوا العِلْمَ مِنَ المَهْدِ إِلى اللَّحْدِ
“Luruo ilmu awet sangkeng laher sampek liang lahat”
Menikolah ingkang saged kawulo sampeaken menawi anggen kawulo mator katah kekhilafan katah kekirangan kulo nyuwun agunge samudro pangapunten. Akhirul kalam.

بِاللهِ تَوْفِقْ وَالهِدَايَةْ وَالسَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهْ

Tag : PIdato
0 Komentar untuk "Teks pidato 6 resep mencari ilmu ala santri MQ"

Back To Top