Teks Pidato tentang ilmu ala santri MQ


Teks pidato bahasa jawa tholabul ilmi ala santri MQ


basicecons.wordpress.com

السَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهْ

أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ بِسْمِ اللهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ  اَلْحَمْدُ اللهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ  وَبِهِ نَسْتَعِيْنُ عَلَى أُمُورِ الدُّنْيَا وَالدِّيْن. وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى سَيِّدِ الْمُرْسَلِيْن سَيِّدِنَا وَمَوْلَانَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اٰلِهِ وَاَصْحَبِهِ اَجْمَعِيْنَ. اَمَّا بَعْدُ.

Al mukarramun romo kyai Muhammad kholil soho ibu nyai alfiyah al hafidzah minongko pengasuh pondok pesantren manba’ul qur’an ingkang kito antu-antu fatwa soho ridlo ilmunipon.
Dumateng poro pengurus santri putra pondok pesantren manba’ul qur’an ingkang kawulo mulya aken.
Ugi dumateng sedoyo santri putra ingkang kawulo mulyaaken ugi.
Sumonggo kita nyaosaken puji syukur wonten ngarso ndalem allah SWT
بِقَوْلِنَا : الْحَمْدُ للهِ وَالشُّكْرُ عَلَى نِعَامِ اللهِ.
Ingkang sampon paring pinten-pinten nikmat , taufiq, soho hidaya ipun sahinggo kito saget makempal woten majlis meniko.
Sholawat saha salam katur dumateng  junjungan kito nabi agong Muhammad SAW
بِقَوْلِنَا : اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدْ وَعَلَى اٰلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدْ
Kanti shalawat kala wau mugi-mugiyo kita pikantuk syafa’atipun
فِي يَوْمِ الْقِيَمة امين اللهم امين
Rencang-rencang ingkang kawulo mulya aken
Junjungan kito Nabi agung Muhammad SAW. sampun dawuh:
طَلَبُ الْعِلْمِ مِنَ الْمَهْدِ إِلَى اللَّحْدِ
Ingkang artosipun, Pados ilmu puniko awit isih ono bandulan tumeko menyang luwangan utowo mati.
Kanthi wontenipun hadits Nabi meniko sampun jelas bilih ingkang wajib pados ilmu meniko sedoyo tiyang Islam mboten pandang bulu, mboten pandang waktu, dados senajan to tiyangipun puniko sampun tuwek, elek, ngrowek, untune entek, wis ora tedas peyek, mlakune wis ndeyek-ndeyek, asal durung matek, meniko tetep kuwaiban pados ilmu utawi nga……….ji.
Kejawi saking meniko, kepentingan ilmu meniko diatas segala-galanya. Tegesipun tiyang puniko bade ngayuh nopo kemawon kedah mawi ilmu. Contonipun menawi tiyang puniko kepengen dados dokter kedah gadah ilmune dokter, menawi tiyang puniko kepengen dados pedagang kedah gadah ilmune dagang, menawi tiyang puniko kepengen dados pegawai kedah gadah ilmune, meniko ngantos sa’ terusipun. Bahkan keranten sanget pentingipun ilmu, tiyang ingkang bade ngambah dalanipun ilmu puniko dipun jamin kaliyan Allah, bade dipun gampangaken dalanipun dating swargo. Dawuhipun Kanjeng nabi:
مَنْ سَلَكَ طَرِيْقًا يَطْلُبُ فِيْهِ عِلْمًا سَلَكَ اللهُ بِهٖ طَرِيْقً إِلَى الْجَنَّةِ. (رواه مسلم(
Ingkang artosipun, Sing sapa wonge ngambah dalan tumuju marang golek ilmu, mongko Alloh nggampangangaken dalan marang wong iku nuju marang swargo.
Menikolah ingkang saged kawulo sampeaken menawi anggen kawulo mator katah kekhilafan katah kekirangan kulo nyuwun agunge samudro pangapunten. Akhirul kalam.

بِاللهِ تَوْفِقْ وَالهِدَايَةْ وَالسَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهْ
Tag : PIdato
0 Komentar untuk "Teks Pidato tentang ilmu ala santri MQ"

Back To Top