Bismillahirrohmanirrohim
Tholabul ‘Ilmi
Tholabul ‘ilmi dilakoni ben isoh ngibadah marang gustiallah
Iso liwat ngaji yo iso liwat sekolah
Kabeh nek ditekuni
Ingsya allah dadi ayem lan adem neng ati
Ngaji.. ayo podo ngaji…
Kang dingajeni akhlaqul karimah nomer siji
Manut marang guru lan kyai
Alumni songko pondok-pondok poro wali
Seng dijengakno santri
Tri . .
. Santri . . .
Qur’an lan
kitabe poro wali seng dikonco rino wengi
Lakon
istiqomah seng ditelateni
Sholawat-sholawat
nabi dilafadzno neng endi-endi
Semata –
mata ngarep syafa’ate kanjeng nabi
Terjun neng masyarakat dadi tulada
Minongko Penengah ing antarane para raja
Musyawarah mufakat diutamakno
Maksiat minggat seng dikarepno
Sekolah.. ayo podo sekolah..
Nek luru ngelmu
ojo kakean petingkah
Ingsya allah
nek lulus atine bungah
Naliko guru
marai lan nasehati
Gatekno seng
genah
Minongko iku
lulusan perguruan tinggi
Seng
dititeli sarjana
Na . . . Sarjana . . . .
Moco lan nules dadi biyasa
Sahinggo dadi budaya
Kritis lan aktif dadi pitanda
Yen bakal makmurake nusa lan bangsa
Tholabul
‘ilmi . . .
Ing ndi gon
ojo nganti diadohi
Ing ndi gon
ojo nganti dilewati
Opo maneh
diwodo lan diseri’i
Dadi
penyaket neng jero ati
Minongko
pertanda yen bakal di laknati.
Ahmad
Syaifuddin
27 februari 2016
Tag :
PUISI
2 Komentar untuk "Puisi Santri Menuntut Ilmu Terbaru"
juuuooos brooo